Senajan uwis kekancan kawit cilik, dheweke uga tangga
desa, Lia lan Inday uwis kaya kanca kenthel. Bocah kui tansah lungguh jejer ing
sekolah lan dolan bareng terus. Kekancane bocah loro kui apik tenan, yen Lia
lagi duweni masalah, Inday bakal tansah ana lan dhukung Lia, ananging Inday
duweni rahasia sing during diandharake dening Lia, menawa Inday duweni rasa
tresna marang Bagus. Ing sawijining dina, Bagas, bocah paling bagus ing desane
nyeraki Lia. Awale, Lia nanggapine biasa wae, namung nganggep yen Bagas kui
kancane, ananging Bagas ngganggep yen Lia uga nduweni rasa dening Bagas.
Mundak suwe, Bagas lan Lia mundak lengket. Inday sing
durung dikandhani marang Lia babagan hubungane karo Bagas nyatane uwis ngerti
dewe. Inday ndue rasa rapenak yen dheweke nyerak-nyerak Lia, uga ora kepenak
atine yen deleng kancane nalika karo Bagas. Lia sing awale ora ngerti apa-apa
banjur ngerti yen Inday ora gelem cerak utawa dolan karo Lia meneh. Ananging
Lia mikire kancane kui lagi sibuk utawa kakean gawean.
Sedina tekan seminggu, ora ketok sing jenenge Inday,
dheweke kaya ilang saka pandhangane Lia. Ing sawijining dina, Lia teka ning
omahe Inday .
“Tokk..Tokk...Tokk…
Kula nuwun, menapa Inday wonten dalem ?”
Ibune
sing ana ning sisih kiwa omah banjur teka lan mangsuli “Inday ki isih turu
nduk, jarene awake lagi kesel”.
“Oooo,
nggih, Bu, menawi mekaten kula tak wangsul mawon. Mangeh sanjangke Inday nggih,
Bu menawi kula mriki madosi Inday” mangkono pesenne Lia marang Ibune Inday.
“Iya nduk, ngko tak tekakke” Ibune Inday mangsuli banjur
bali ning sisih kiwa omah njerengi klambi.
Ing dalan bali, Lia ngroso yen kancane kui ora kaya
biasane. Iki uwis seminggu dheweke ora dolan bareng kaya adat sabene, dene Lia
yo ora ngrasa yen dheweke duwei kaluputan marang kancane. Lia bingung kudu
kepiye, dheweke ngrasa yen kekancane karo Inay wis beda, ananging ora ngerti
marga apa.
Sorene, Inday wis tangi saka turu “Nday, wis tangi taa..
mau ki koe digoleki Lia, ning mbuh arep ngopo”.
“O.. nggih Bu” Inday mangsuli kandane ibune banjur lunga.
Ning atine dheweke reti yen Lia wis ngerasa menawa dheweki rada ngadohi Lia.
Esuke ing sekolahan, Lia karo Inday ora lungguh jejer.
Lia teka ning panggonane Inday banjur takon.
“Nday, wingi aku ning omahmu loo.. Ning koe lagi turu”
pitakone Lia marang Inday. Inday mangsuli
“Lha ngopo koe ning omahku ? Awakdhewe kan iso ketemu
ning sekolah to, Li” jawabe Inday atos banget. Inday kegawa rasa mangkel,
dheweke sakjane ora gelem nglarani atine Lia, nanging piye meneh kui mau wis
kebacut.
“Lha aku yo bingung kudu piye, Nday. Lha koe meneng wae
ket wingi karo aku. Lha koe ngopo to, Nday ?” pitakone Lia mau gawe Inday
bingung kudu jawab opo.
“Aku rapopo kok. Koe wae sing aneh, wong aku ra
ngapa-ngapa kok malah dikira ngapa. Aku yo dadi bingun dewe to, Li”. Mangkono
jawabane Inday kanggo ngalihke pitakone Lia, sakjane atine pingin ngomong
jujur, ananging isih bingung kudu pie le arep ngomong.
“Yauwis nek koe rapopo, aku seneng. Muga-muga koe ora
koyo sing tak pikirke yo Nday”. Inday ora mangsuli ananging langsung lunga
ninggalake kancane dhewekan ning ngarep kelas. Dheweke mikir kudu cepet-cepet
ngomong karo Lia, opo sakjane sing ana ning pikirane Inday.
Esuke, Inday mangkat gasik banjur lungguh ana panggonane
karo Lia biyen. Lia uga mangkat gasik, dheweke bingung kudu lungguh ning endi.
Inday banjur nyelokake Lia lan ngakon Lia lungguh jejer karo Inday. Lia seneng
banget, opo sing ana ning pikirane wis balik kaya biyen, nalika bocah loro kui
ora ndue masalah lan dadi kanca kenthel.
”Li, aku pengen cerita karo koe, kan awakedhewe wis sue
ora cerita “ Inday ngawali omongan karo Lia.
“Ana apa to Nday, koyoke kok apik banget ceritane” pitakone marang Inday.
“Pancen apik kok, apik nggo aku, rareti nek koe pie”
wangsulane Inday.
“Yo kowe arep cerita apa ta ? lek cerita wae sik dowooooo
. . .” akone Lia nggo Inday.
“Sakjane tanpo koe cerita karo aku babagan koe cerak karo
Bagas aku wis reti kok. Salahku aku durung cerita karo koe babagan aku yon due
rasa karo Bagas. Aku durung cerita karo koe. Kui salahku, aku yo ora pie-pie
nek kowe cerak karo dheweke. Ananging mbuh ngapa kok aku dadi sebel karo koe.
Aku njaluk ngapura yo, Li. Aku mung isih bingung kudu pie” mangkono mau
ceritane Inday marang Lia.
“Aku ki sakjane ming kekancan karo Bagas, aku ora duweni
rasa pie-pie kok. Youwis, sik uwis yo ben uwis. Nek sumpama kowe ra seneng aku
cerak karo Bagas yo rapopo. Aku tak ngadoh, sik penting aku karo koe tetep
kekancan koyo biyen” mangkono mau wangsulane, Lia wis seneng opo sing dadi
pitakone ning atiwis kejawab.
“Ora
kok Li, koe rapopo cerak karo Bagas. Aku wegah egois, rapopo ben awakdhewe wong
telu kekancan apik. Aku ora bakal nesu kok karo koe. Tenan iki” Inday mesem
karo Lia. Seneng menawa kekancane wong loro kui wis balik kaya biyen maneh. Wis
ora ono sing ditutup-tutupi, kabeh wis kewiyak, byak. Wis ora ono masalah, ora
ono meneng-menengan, kabeh wis pada ngerti lan ngerteni.